Monday, June 13, 2022

Wednesday, July 15, 2020

Wednesday, June 24, 2020

LAGU-LAGU JAWA TEMPO DULU

Sinten inggih ingkang sampun kesupen? Sumangga dipun apalaken malih kagem putra wayah
Nguri uri Kabudayan Jawi ingkang adiluhung

1. GUNDUL GUNDUL PACUL
Gundul-gundul pacul…cul gembelengan
Nyunggi-nyunggi wakul…kul gembelengan
Wakul ngglimpang segane dadi sak latar
Wakul ngglimpang segane dadi sak latar

2. SLUKU SLUKU BATOK
Sluku-sluku bathok
Bathoke ela-elo
Si Rama menyang Solo
Oleh-olehe payung mutho
Mak jenthit lolo lo bah
Wong mati ora obah
Yen obah medeni bocah
Yen urip golekko dhuwit

3. PADHANG MBULAN
Yo Prokonco dolanan neng njobo
Padhang mbulan padhange koyo rina
rembulane… e
Seng ngawe awe
Ngelingake ojo podho turu sore

4. TIKUS BUNTUNG
Tikus buntung .... Nduwe anak .. Buntung ..... Cicit cuwit cicit cuwit ..... Si tikus sobo neng lumbung. 

5. CUBLAK CUBLAK SUWENG
Cublak cublak suweng..
suwenge ting gelenterl..
mambu ketundung gudel
pak empong lera-lere
sopo ngguyu ndelik–ake
sir-sir pong dhele gosong
sir sir pong dhele gosong...

6. G O T R I
Gotri legendri nogo sari.. ri
riwul owal awul jadah mentul.. tul
tolen olen olen jadah manten ..ten
(ti)tenana besuk gede dadi opo.. po
podho mbakul enak mbakul sedeng.. deng
dengklok engklak engklok koyo kodok

7. BANG BANG TUT
Bang bang tut cendelo ewo ewo
sopo prei ngentut ditembak rojo tuo
nyang kali ngiseni kendhi
jeruk purut wadhah entut

8. DOMINO
Domino idomino ono babu nggendong sinyo
sinyone nangis wae didolani montor mabur
montor mabur kapal udara numpak sepur mudhun Jakarta
jakarta akeh copete sopir becak akeh duite
duite mung selawe lambe ndomble njaluk dijotos

9. KUCING GANDHIK
Kucing gandhik………. meong
(o)Mahmu ngendi…… ngerong
(o)Po ra gatel………….  adus
(o)Po ra adem………… kemul
(o)Po nduwe kemul…. tuku
(o)Po nduwe duit……..             utang
(o)Po (i)soh nyaur……. ngemplang
Yen ditagih……………..  ndhelik
Yen dioyak……………..  mlayu
Yen dicegat…………….  mlumpat

10. D A Y O H
E… dayohe teko
e… gelarno kloso
e… klosone bedhah
e… tambalen jadah
e… jadahe mambu
e… pakakno asu
e…. asune mati
e…. kelekno kali
e…. kaline asat
e…. centhelno pager
e….. pagere ambruk
e…. delehno ngebuk

11. M E N T H O K
Menthok menthok , tak kandani
Mung rupamu , angisin ngisini
Mbok ya aja ngetok , ono kandang wae
Enak enak ngorok , ora nyambut gawe
Menthok menthok , mung lakumu
Megal megol , gawe guyu

12. KIDANG TALUN
Kidang talun
Mangan kacang talun
Mil kethemil mil kethemil
Si Kidang mangan lembayung

13. TE KATE DIPANAH
Te kate dipanah
Dipanah ngisor gelagah
Ono manuk onde onde
Bok sir bombok , Bok sir kate
Bok sir bombok , Bok sir kate

14. L I R   I L I R
Lir ilir lir ilir , tandure wus sumilir
Tak ijo royo royo , tak sengguh temanten anyar
Cah angon cah angon , penekno blimbing kuwi
Lunyu lunyu penekno , gawe ngumbah dododira
Dododira dododira , kumitir bedah ing pinggir
Domana jlumatana , kanggo seba mengko sore
Mumpung padhang rembulane , mumpung jembar kalangane
Ya…surak-a…..surak….Horeeeeeeeee…..

15. SUWE ORA JAMU
Suwe ora jamu
Jamu godhong tela
Suwe ora ketemu
Ketemu pisan gawe gela

16. GAMBANG SULING
Gambang suling kumandhang swarane
Tulat tulit , kepenak unine
Unine mung nrenyuhake
Barengan kentrung , ketipung suling
Sigrak kendangane.

17. SAKIKI AKU WIS GEDE
Saiki aku wis gede..
sekolah mangkat dewe..
ora usah  dieterake..
bareng karo kancane..

Yen mlaku turut pinggiran,
ora pareng gojegan…
neng ndalan akeh kendaraan
mengko mundhak tabrakan

18. SIJI LORO TELU
Siji loro telu,
astane sedheku,
mirengake bu guru
menawa didangu..

papat nuli lima..
lenggahe sing tata,
ojo podho sembronoo,
mundhak ora bisa

19. J A R A N A N
Jaranan-jaranan…jarane jaran teji
Sing numpak ndara bei
Sing ngiring para mantri
Jeg jeg nong…jeg jeg gung
Prok prok turut lurung
Gedebug krincing gedebug krincing
Prok prok gedebug jedher.

20. KODOK NGOREK
Kodok ngorek kodok ngorek , ngorek nyang mblumbangan
Theyot theblung theyot theblung , theyot theyot theblung

Golek pangan golek pangan, golek pangan